www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

Ojo Cedhak-cedhak Kebo Gupak

8-4-2018

Likwan karo Jokotholé nonton Wayang Plèsètan. Nèk biasané wayang asli tekan esuk, Wayang Plèsètan mung telung jam. Kuwi waé sing sak jam wis jan lucu total, dab. Ger-ger-an nganti kepingkel-pingkel abis. Sing Lungguh nang ngarepé Likwan wis jan ora ngerti aturan tenan, ngèkèk-ngèkèk terus nganti kepentut-pentut. Ning Likwan yo santai waé, penuh pengertian, cuman  kawatir waé, gèk-gèk kuwi ampasé mèlu metu .....

Lakon Wayang Plèsètan mbengi kuwi: “Ojo Cedhak-cedhak Kebo Gupak”. Critané ono Lurah arep nyalon manèh, bèn genep rong periode. “Bèn genep sedhèrèk-sedhèrèk ...,” kuwi penutup pidatoné Ki Lurah Mukidi karo aksi rodo tersipu-sipu. “Genep rekosoné kuwi ....,” Bagong nylethuk nang Petruk.

“Nèk pas butuh suoro Gong, sedèyèk-sedèyèk ......,” Petruk nyaut Bagong, ning pas omong sedèyèk-sedèyèk  untu ngisor-nduwuré pak dalang tetep gathuk. “Lha wong nang ndésoné dhéwé waé isih akèh sing nganggur kok malah ngundang pekerja seko njobo déso, Gong. Nganggo Perlur[1] sisan. Wis jan gemblung tenan kuwi. Enak waé saiki.... modal pasang tampang lugu terus ..., sedèyèk-sedèyèk ....”

“Durung manèh Truk, sak-lawasé urip nang kéné, rasané urip bareng saiki jaman Lurah Mukidi iki kok dadi ora nyaman. Bedo keyakinan kuwi seko jaman Majapahit kan oké-oké waé to Truk, lha saiki kok dadi koyo ngéné ki, piyè jal .... Pendukung-pendukungé Ki Lurah kuwi Truk ..., asu tenan kuwi ....... akèh sing hobiné ngolok-olok keyakinan liyané. Nèk ono sing ora trimo keyakinané di-olok-olok, trus diarani radikal. Wis jan, karepé Lurah Mukidi ki opo to. Arep pecah belah déso, opo pancèn poya mol[2] tenan kuwi Truk?!”

“Ketoké loro-loroné, Gong.”

“Lha, ngono kok isih ngarep rong periode, sori tu sé Truk...” Bagong unjuk kemampuan boso Inggris. “Nèk wong mbiyèn omong: Ojo cedhak-cedhak kebo gupak.”

“Ning nyatané Gong, akèh sing tetap cedhak-cedhak ki piyé kuwi.”

“Ono bandaré Truk. Akèh sing cedhak-cedhak kuwi bayaran, Truk. Wis jan ra kajèn tenan kuwi....”

“Mungkin karo ono sing wis dicuci uteké Gong.”

“Mungkin Truk. Mungkin kuwi .....” *** (8-4-2018)


[1] Peraturan Lurah

[2] ora dong

gallery/bagong