www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

20-5-2018

“Tok, kaé kok ramé-ramé ono opo?” Likwan takon Totok.

“Kuwi Lik, Lomba Baskèt antar dusun, nonton yuk...” Totok ajak-ajak Likwan.

Tekan lapangan, Lurah Mukidi gèk pidato mbukak pertandingan. “Sedèyèk-sedèyèk .......” Lurah Mukidi mulai pidato. “Saya ini ......”

“Wah kadingarèn Tok, Lurahé nganggo boso Indonesia.....”

“Iyo Lik, mbuh kuwi karepé opo ....”

Saya ini ......” lanjut Lurah Mukidi, “Terakhir pegang bola basket 37 tahun yang lalu...” Lurah Mukidi nunjuk bal baskèt sing nang tangan kiwo. “Terakhir, pegang bola basket 37 tahun lalu, sedèyèk-sedèyèk.....”

Plok...plok....plok..... Penonton tepuk tangan.

37 tahun lalu terakhir saya pegang bola basket, bayangkan sedèyèk-sedèyèk .....”

Plok....plok....plok... Penonton tepuk tangan, tambah gayeng.

Bayangkan sedèyèk-sedèyèk, 37 tahun lalu dan baru kali ini saya pegang bola basket lagi ....”

Plok...plok....plok... Penonton tepuk tangan, tambah héboh.

“Tok, lha sasi wingi kowé bareng Lurahé Mukidi kan main baskèt pas ulang-taun Désa....” Likwan nyenggol Totok.

“Wis to Lik, keplok waé....keplok sing banter .....” Totok jawab Likwan sembari keplok kenceng.

Bola basket ini, baru saya pegang lagi setelah 37 tahun, sedèyèk-sedèyèk .....” Lurahé Mukidi tambah kenceng pidatoné.

Plok....plok...plok..... Penontong ora rampung-rampung keploké.

Sekian, selamat bertanding, semoga tetap anu .......” Lurah Mukidi nutup pidato lan diteruské nguncalké bal baskèt nang ring. Ora mlebu, mlèsèt. Mlèsèt adoh...

Plok....plok....plok....

“Tok, opo dho ora ngerti nèk pidatoné Lurahé kuwi ora bener...”

“Yo dho ngerti Lik, podho paham....”

“Lha kok terus dho tetep keplok ....”

“Halaaaah Lik, opo ruginé keplok. Kabèh kuwi dho wis paham Lik”

“Paham piyé Tok?”

“Paham nèk Lurahé Mukidi ki tukang nggedebus[i].”

“Ooo ngono to.... Nèk kuwi pancèn seko mbiyèn Tok. Watak kuwi. Pancèn nèk pas nggedebus, wis koyo yak-yak-o kaé....”

“Asli tukang nggedebus Lik. Nggedebusé super otentik .....”

“Lha taun ngarep milih Mukidi ora Tok? Kan asli, otentik....”

Otentik nggedebusé kuwi Lik. Ora Lik. Ora sudi! Mèmangé ....” *** (20-5-2018)

[i] Nggedebus=omong kosong

Mukidi Nggedebus

gallery/basket1