www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

31-5-2018

Likwan mlaku-mlaku, ménggok nang cakruk ngumpul-ngumpul bareng. Nang cakruk suasanané rodo gayeng. Podho main domino karo ngrungoké radio. Radio gèk siaran langsung rapat RT, pas Lurah Mukidi pidato.

“Sedèyèk-sedèyèk ......” Lurahé mulai pidato

“Tok, kadingarèn ora ndang-ndut sing di-setèl...” Likwan takon Totok

“Ora Lik, iki perintah Lurahé kon nyetèl radio pas Lurahé Mukidi pidato...,” jawab Totok karo terus main domino.

“Sedèyèk-sedèyèk..... kulo niki pas niku kan gèk umur patang taun-an, mosok mèlu anu.... kan mboten mungkin nggih ......,” Lurah Mukidi lanjut pidatoné.

“Nggiiih.....,” jawab hadirin.

Saya itu baru 4 tahun, kan nggak mungkin ikut anu ..., betul nggak ....” Lurahé tambah banter.

Nggaaak .........” jawab hadirin.

Likwan nyènggol Totok: “Tok, rungokké kuwi....” Totok tetep main domino, ora njawab. Likwan mbalèni: “Tok, rungokké kuwi...”

“Halaaah Lik, Lurahé Mukidi bola-bali omong kuwi Lik...,” jawab Totok.

“Sedèyèk-sedèyèk...,” Lurah Mukidi lanjut pidato. “Masuk akal mboten..... pas niku kulo nembé patang taun .... Nggih mboten ...”

“Nggiiiih ......”

“Wektu kuwi aku isih cilik lho bapak-ibu .....,” lanjut Lurah Mukidi karo nunjuk dadané dhéwé.

“Nggiiiiih ..........”

“Isih cilik sedèyèk-sedèyèk .... Masih kecil.... kecil sekali .....”

“Nggiiiiiih ..............”

Likwan gatel, nyènggol Totok: “Tok, wis to ..... radioné patèni waé.... Kuping malah dadi cenut-cenut.”

“Ojo Lik, ngko Lurahé njengat piyé ....,” jawab Totok santai karo terus main domino.

“Sedèyèk-sedèyèk ..... saya masih kecil ..., kecil sekali ..... sedèyèk-sedèyèk .... Pokoknya masih kecil ........”

“Nggiiiiiiiiiih .........................” *** (31-5-2018)

Mukidi: "Waktu aku kecil ....."

gallery/sinchan