www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

15-10-2022

Nang cakruk-é Nyah Ndut lagi gayeng ngobrol ngalor-ngidul soal ‘gaya hidup’. Dudu soal gaya hidup-é wong siji-lan-sijiné, ning gaya hidup-é désa. Nyah Ndut sing mulai bukak obrolan, soalé mau ésuk pas pertemuan ibu-ibu nang Balé Désa, Lurahé Mukidi nyinggung soal gaya hidup ibu-ibu. Dikongkon ojo gegayaan sok perlénté, sok gagah-gagahan. Nèk ponakané Koh Bos nyebut: hédon. Luwih-luwih situasi saiki isih ruwet lan ngos-ngos-an. Serba mèpèt, duwit cekak, kakèhan utang, urip tambah susah. “Lho kan bener kuwi to Nyah ...,” Totok nyoba ‘meluruskan’.

“Bener ning ora tau ngilo ...,” Nyah Ndut njawab ketus.

“Lho kok terus dadi tekan ngila-ngilo to Nyah ...,” Cuk Bowo penasaran.

“Lha kuwi ... Ngerti gèk krisis, ngos-ngos-an kok Lurahé mekso-mekso pindah kost ...Tidak mau tahu sedang krisis ..,” Nyah Ndut ora gelem kalah.

“Pindah Kantor Balé Déso Nyah ...,” Kang Yos nggenahké.

“Wis gedung anyar-e kuwi gedhé banget, magrong-magrong koyo istana waé ...,” Nyah Ndut lanjut.

“Padalo sing lawas isih apik yo Nyah ...,” Koh Bos ‘ambil posisi’.

“Isih Koh ... Dhuwit di-cèh-cèh waé, padalo kan ora mendesak kuwi. Ono COVID karepé terus waé. Ono perang, rego-rego terus mundhak, warga gèk akèh sing susah, kok karepé terus waé .... Asu tenan nèk ngono kuwi to Koh. Tidak punya sen op krisis blas?!”

“Padalo omongé mbiyen ora nganggo kas Désa lho Nyah ...,” Mas Amir nimbrung.

Totok sing seko mau meneng ujug-ujug langsung  nyahut: “Doboool!”

Nyah Ndut lanjut: “Lha Kuwi soal prau-cepet. Dhuwit piro waé sing metu seko kas Désa. Nyabrang kali nggo gèthèk waé wis oké kok. Jembatan yo ono, adoh sithik ning lancar. Piyé jal kuwi. Aèng-aèng waé. Prau-cepet kuwi omongé mbiyèn yo ora nganggo kas Désa ugo....”

Totok gèk ambil napas arep nyahut, ning kedhisikan karo Likwan: “Doboool!” Totok terus mlirik nang Likwan sing terus plendas-pledus.

Cak Babo mèlu bukak suara: “Lha kaé Nyah, gegayaan nggawé lapangan nggo mendarat helikopter. Ono papat, nang pojok-pojok Désa kaé, tekan saiki yo ora tau ono helikopter mendarat. Kucluk tenan kuwi.”

“Malah saiki dho nggo latihan futsal Cak ...”

“Ngono yo Tok.”

“Hè’èh Cak.”

Cuk Bowo sok bijak: “Kuwi jan-jané ora kanggo mendarat helikopter. Ning disiapké nggo mendarat pesawat alièn, asing seko luar angkasa nèk umpamané ujug-ujug terus pèngin nyerbu nang désa kéné ...”

Nyah Ndut: “Waaah adoh banget Cuk!”

“Ya’é kok iki Nyah ...”

“Bébas Cuk ...”

“Bébas Tok ...”

Nyah Ndut lanjut: “Lha ... koyo ngono-ngono kuwi jenengé opo dudu Désa gèk gegayaan bèn ketok perlénté, sok gagah-gagahan Lik ... Sok-sok-an, ya'-ya'-o ....” [1]

"Di-ya'i tenan lusut terus Nyah ..."

"Betul ... betul ... Lik."

“Ora iso ngilo Nyah ...”

“Blas ora iso ngilo githoké dhéwé Lik. Amit-amit.” Nyah Ndut lanjut ning saiki karo mendelak-mendelik, karo tudang-tuding barang cuk, medèni kaé. Gemes banget koyo-koyo ndas-é Totok arep diremet-remet dadi bal cilik: “Ngono kuwi yo Lik, acara arep rampung kuwi isih ditambah ngritik slogan-é ibu-ibu. Slogan dipikir bareng-bareng kanthi tenanan nggawéné, malah diunèké njlimat-njlimet. Semprul tenan kuwi.”

“Lha karepé Lurahé Mukidi opo Nyah?” Likwan takon alon-alon. Was-was.

“Ora njlimet, Lik ...”

“Conto slogané sing ora njlimet kuwi piyé Nyah?”

“Contoné Lik?!”

“Hè’èh Nyah.”

“Seko Lurahé Mukidi?!”

“Hè’èh Nyah.”

“A ...., opo B ....”

“Mung A, opo B, pokoké sak huruf waé Nyah?”

“Hè’èh Lik. Kétoké Lurahé kuwi nék njlimet-njlimet malah dadi gampang  ngamuk-an Lik ...”

“Ngono yo Nyah ...”

“Ya’é.” *** (16-10-2022)

 

[1] Miturut Harold J Laski (The State in Theory and Practice), karakter sebuah negara hanya bisa di-‘rasakan’ melalui karakter pemerintahannya. Tidak yang lain-lainnya.

 

Desa: "Gaya Hidup"-nya