www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

31-10-2022

Soré bar Maghrib, nang cakruké Nyah Ndut isih regeng. Mas Amir crito soal pertemuan mau awan nang Balé Déso, karo Pak Èl. Lurahé Mukidi ora iso teko soalé rodo mriang, tambah mèncrèt-mèncrèt. Ora mergo salah mangan, ning soal utangé déso sing wis sak gajah kuwi. Mergo ugal-ugalané dhéwé waé jan-jan-é. Wis ya’ya’o tenan kaé. Pethunthang-pethunthung nèk pas iso utang, bar kuwi wektuné mbayar terus mèncrèt-mèncrèt ra-karu-karu-an. “Lha terus warga kon urunan mbayar utangé kuwi Mas?” Likwan takon.

Kuwi minggu wingi Lik,” jawab Mas Amir.

Lha minggu wingi kuwi warga terus piyé Mas? Totok penasaran.

Gèdhèg kenceng Tok ....”

“Terus saiki mèncrèt-mèncrèt ....,” Kang Yos nggenahké.

Ya’é Kang ...”

“Lha sing mau awan ngrembug opo Mas?” Cuk Bowo takon.

Sing mau awan Cuk?”

“Hè’èh Mas. Pak Èl omong opo?” Koh Bos wis ora sabar.

Pak Èl omong: jangan ribut. Dibolan-balèni omong koyo ngono kuwi Koh ... Karo tudang-tuding barang ...”

“Tambah pendelak-pendelik barang Mas?!”

“Hè’èh Koh ... Penthelang-pentheleng barang kaé Koh ...”

“Omong nèk warga ora olèh ribut-ribut, ngono yo Mas,” Cak Babo nimbrung.

Hè’èh Cak.”

“Lha nèk warga tetep ribut-ribut terus piyé kuwi?” Totok dengan nada meninggi.

Nyah Ndut sing njawab karo berdéndang alon: “[] Dithuthuk ... nganggo pipo lèdeng [] ...”

Totok paling cilik dhèwè, durung tau krungu rengeng-rengeng koyo ngono kuwi, terus takon penasaran: “Nyah ... nyanyinè kuwi piyè?

Nyah Ndut terus kasih penjelasan: “Do-ré-mi .... mi-ré .. mi-ré .. ré-do ...., ngono Tok.

Totok: “Dadi umpamané warga tetep ribut-ribut, ngko terus ...” Sak cakruk lanjut ramé-ramé nyanyi nyanyiane Nyah Ndut: “[] Dithuthuk nganggo pipo lèdeng [] ...”

Pecas ndahé dab ...,” Mas Amir lanjut.

Kok ngono Mas?!”

“Siap-siap otoritèr Nyah ...”

“Ngono yo Mas ...”

“Ya’é ...”

“Pecas ndahé [*] tenan iki ...” *** (31-10-2022)

 

 

[*] Pecah-ndas-e

Jangan Ribut!