11-02-2019
Likwan karo Totok mlaku-mlaku karo ngobrol ngalor-ngidul. Ujug-ujug waé disalip Lurah Mukidi. Kaget, Likwan karo Totok terus mandeg: “Sugeng énjang Pak Lurah ....” Ora ngiro Lurahé Mukidi kok terus mandeg, mbalik lan ujar: “Aku ora wedi!” Terus balik kanan manèh neruské langkah cepet.
Likwan ro Totok dadi plenggongan, garuk-garuk sirah. Sepakat, mlaku tambah cepet ngetutké langkahé Lurah Mukidi. Tekan ngarep Toko Mas Mak ‘é Tholé, satpam karo hormat grak: “Sugeng énjang Pak Lurah ....” Lurahé Mukidi yo terus mandeg, ambil sikap siap grak ugo terus ujar: “Aku ora wedi!” Totok langsung omong nang Likwan: “Lik, cepet ngko nèk ono opo-opo piyé .....”
Wis cedhak ujug-ujug waé Lurahé Mukidi mènggok mlebo omah gedhi. Likwan nglongok ndelok njero, jebul wis ono wong sekitar telulas-an lungguh kursi posisi mubeng, kétoké nunggu Lurahé. Lurahé terus ambil posisi nang kursi sing wis disediaké. Tanpo basa-basi, Lurah Mukidi terus ngadeg: “Sedèyèk-sedèyèk ..... Aku ora wedi!” Plok...plok...plok...
“Aku ora wedi, sedèyèk-sedèyèk .....”
“Nggih ...” jawab hadirin serentak.
“Aku .....”
“Nggiiih.....”
“Ora ..........”
“Nggiiiiiiiih ..........”
“We ......”
“Nggiiiiiiiiiiiiih ...........”
“Di ................” Plok .... plok ....... plok .......
Tangané Likwan ujug-ujug waé disèrèt Totok: “Lik, nang cakruk waé yo!” Jawab Likwan: “Okélah kalau begitu .....” Tekan cakruk konco-konco wis dho kumpul guyon glécénan wetan kulon ngalor kidul. Totok terus crito soal Lurahé Mukidi, komplit nganti tekan bab pertemuan nang omah gedhi. Koh Bos terus nyahut: “Lha opo bédané karo minggu wingi, Tok.” Likwan takon: “Minggu wingi ono opo Bos?”
“Minggu wingi pas Lurahé Mukidi ketemu karo cah-cah SD, SMP kuwi lho. Omong nèk ora tau ngombé kopi.... Padalo kan ngombé ....” Koh Bos njelaské.
“O iyo kuwi, anakku yo crito kuwi ....” Cak Babo nyrondhol waé, lan neruské: “Kuwi nèk digatèkké tenan, pas omong koyo ngono kuwi rupané Lurahé kan podho pas nèk omong kringeté sak èmbèr ....” Cak Babo wis tau kuliah nang fakultas psikologi, ning ora kelar. Kurang skripsi thok terus kawin mergo bojoné –mbiyèn pacaré, kadung hamil dhisik. Nasib.
“Pas bar badminton kaé lho Lik, wis jan njelèhi tenan kuwi ... Rupané Lurahé nèk pas omong kuwi wis jan koyo yak-yak-o kaé Lik,” Totok mèlu njelaské. “Kiro-kiro yo rupané podho pas omong nèk wis luwih seko 30 tahun ora nyekel bal baskèt,” lanjut Totok. "Sing nang ngarepe cah-cah SMA kae lho ...."
“Podho karo pas omong kangen di démo ugo ketoké .....” Likwan nyimpulké.
“Persis Lik. Podho karo pas omong suk nèk kepilih ora arep utang manèh nang deso liyo ... Akèh Lik, wis jan njelèhi tenan kuwi,” Koh Bos nimbrung. “Wis ora usah diteruské, malah tambah kemeng karo mules, Cak radioné disetèl waé ..... ” lanjut Koh Bos.
Cak Babo nyetel radio, cènel 1: “Sedèyèk-sedèyèk, aku ...” Langsung ganti cènel 2: “Ora .....” Langsung ganti cènel 3: “We....” Radio langsung dipatèni, ora sido disetèl. Cak Babo nggresulo karo mbesengut: “Radio kok mèlu-mèlu nggedebus!” *** (11-02-2019)
Pecas ndahé, dab