www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

04-03-2019

“Sedèyèk-sedèyèk .....,” Lurahé Mukidi mulai pidato.

“Wah ...... slonjor siiik,” Likwan langsung nylethuk. “Bèn ora kemeng, Lik?” Totok takon mestèké. “Wis nang mburi durung Lik.” Koh Bos nyambung. “Ngko nèk terus mules lho ....”

“Wis komplit Bos. Aku yo wis nang mburi, bèn mulesé ora banget-banget nèk ngko Lurahé mulai pidato ....” Kang Yos nimbrung.

“Sedèyèk-sedèyèk .... Mau mbengi, antarané jam 11 mbengi tekan jam 6 ésuk, ... anu sedèyèk-sedèyèk ....” Lurahé lanjut pidatoné, ning terus mandeg, ndelok kiwo-tengen. Ora koyo biasané, Lurah Mukidi terus ndemèk-ndemèk kuping kiwo, karo tangan tengen sibuk cethak-cethik bolpoin, pèncèt-pèncèt bolpoin.

“Kadingarén Lurahé nggowo bolpoin Lik, kemajuan ...” ujar Kang Yos nang Likwan. “Kuwi dudu bolpoin Kang, kuwi mainan cethik-cethik, mbuh Lurahé tuku nang ndi kuwi. Larang kuwi Kang .....modèl anyar, jut-jut regané ... Omongé Nyah Ndut lho iki ....” Totok njelaské.

“Lik, opo kupingé kiwo Lurahé kuwi kopoken?” Cak Babo takon nang Likwan. “Sak ngertiku wingi ora ki Cak, baik-baik saja ... ” jawab Likwan. “Mbuh nèk mau ésuk jebul kelebon coro ...”

Cak Babo mbantah serius, ora percoyo: “Lha, yo ora cukup to Lik, sesak to Lik. Ono-ono wae!”

Sing jawab Totok, ugo serius jawabané: “Kuwi coro anak-anak, Cak.” Cak Babo meneng waé ora neruské takon opo mbantah, mung pringas-pringis-plendas-plendus waé. Mungkin mbayangké rasané nèk ono coro mini nang jero kuping. Hiiiii. Ora sadar Cak Babo terus kurek-kurek kuping tengen. Gatel-gatel piyé ngono, opo mungkin pas dikurek-kurek kuwi ngeri-ngeri sedap rasané. Hiiiii.

Lanjut crito ..., bar ndemèk-ndemèk kuping kiwo rodo sakwetoro, Lurahé Mukidi neruské ujar: ”Antarané jam 11 mbengi tekan jam 6 esok sedèyèk-sedèyèk, aku ngentut ping rolikur sedèyèk-sedèyèk, dua-puluh-dua-kali!” Plok-plok-plok ....

“Lik, kojur tenan iki, sing diomongké Lurahé kuwi opo?” Kang Yos takon Likwan karo garuk-garuk sirah. Sirahé dhéwé. “Kétoké bab entut Kang .....” Totok manèh sing njawab.

“Percoyo mboten sedèyèk-sedèyèk ....!” Lurahé Mukidi dadi rodo njengat ndelok hadirin terus podho gemremeng kasak-kusuk dhéwé. Malah ono sing dho cekiki’an. Arep cekaka’an jelas ora wani, ndès. Nang pojok mburi cah-cah enom paling pol waniné dho cekèkè’an thok.

“Pak [.....] tulung étungané di jlèntrèhké, dibukak mak byak  sisan .....” perintah Lurahé Mukidi nang Pak [ ..... ].Ada yang keberatan?!” Lurahé neruské nggo boso Indonesia ditambah karo rodo penthelang-pentheleng. “Nggiiih ......” Jawab hadirin spontan. Plok ... plok ... plok.

Pak [ ..... ] terus maju nang podium, pasang koco-moto baca terus mbukak cathetan: “Bapak-ibu-sodara-sodara, juga adik-adik. Pak Lurah ngentut antarané jam 11 mbengi tekan jam 6 ésuk niku totalanipun kaping rolikur, dua-puluh-dua-kali. Jadi ..., jadi setiap jam ngentut 3 kali, maka itu artinya setiap 20 menit sekali. Jelas nggih bapak-ibu-sodara-sodara, juga adik-adik .......”

“Nggiiiiih ......” jawab hadirin.

Pak [ ....] lanjut: “Satu menit meniko 60 detik, dados menawi 20 menit niku sami kaliyan sewu-rongatus detik. Menawi ngentut meniko bapak-ibu-sodara-sodara lan ugo adik-adik, mbuh niku mak-dut menopo mak-prèt, paling-paling kan namung betah setunggal detik mawon to .... Menawi ngantos setunggal menit, niku nyanyi naminipun!”

“Nggiiiiih ......”

Kang Yos nakalé kumat: “Menawi sepuluh menit, niku naminé nopo Pak ?” Dijawab kontan-spontan karo Pak [ ... ]: “Kuwi jenengé pidato Kang .... Nggih mboten bapak-ibu-sodara-sodara lan ugo adik-adik?!”

“Nggiiiiih .....”

“Jadi, nalar nggih, mung sak detik thok sak jeroné sewu-rongatus detik. Dados mboten gawé-gawé nggih, asli-otèntik niku nggih ..... Niku sami nèk bapak-ibu-sodara-sodara-adik-adik gadhah arto satus-rongpuluh-ewu, ujug-ujug waé mak klinthing rècèh satus rupiah tibo nang dalan, rak yo wis bèn waé to bapak-ibu-sodara-sodara-adik-adik .... Nggih mboten?!”

“Nggiiiiih.” Plok ...plok ...plok.

Ujug-ujug waé Cak Babo unjuk jari: “Pak [....], étungan wau kan nembé kaping selikur, baru dua-puluh-satu-kali. Lha ingkang setunggal pripun?”

Pak [ ..... ] njawab kanthi tangkas-cerdas: “O sing kèri dhéwé ..... , sing pungkasan kuwi ngebom nang wésé, Cak. Jelas Cak?!” Plok .... plok ..... plok.

Ujug-ujug waé Lurahé Mukidi ngadeg, nyedhak mik sing nang podium, karo penthelang-pentheleng: “Ora percoyo?! Ora percoyo?! Étungen dhéwé!”

Lanjut Lurahé: “Pak [ ..... ] tulung jelaské manèh sing kuwi, étung-étungané mau kuwi. Alon-alon bèn podho dong ngono .....  Ada yang keberatan?! Sepisan manèh, a-d-a-yang-ke-be-rat-an?!!”

Angger pas omong ‘ada yang keberatan’ wis jan lagak-aksiné Lurahé Mukidi koyo-koyo-o anggota SWAT waé, penthelang-pentheleng kiwo-tengen-ngisor-dhuwur. Wètan-kulon, lor-kidul. Komplit-sego-endog-iwak-pitik, ndès. Wis jan njelèhi tenan kaé. Super njelèhi.

Pak [ ..... ] sesuai perintah Lurahé Mukidi terus maju nang podium manèh, pasang koco-moto baca terus mbukak cathetan: “Bapak-ibu-sodara-sodara-lan ugo adik-adik ......”  *** (04-03-2019)

Ora Percoyo?! Étungen Dhéwé ...

 

gallery/mukidi