www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

08-03-2019

Lagi lèyèh-lèyèh udat-udut nang cakruk, Kang Yos karo Koh Bos ujug-ujug waé gabung bareng. Kang Yos nggowo berita: “Lik, wong pasar akèh sing dho crito nèk ono Pinokio numpak KRL ...” Koh Bos neruské: “Jurusané nang stasiun pinggir déso Lik.”

Pinokio si-bonéka kayu kuwi, Koh?” Totok takon. “Lha yo embuh ora paham Tok,” jawab Koh Bos. Tanpo rembugan suwé, Likwan, Totok, Cak Babo, Kang Yos lan Koh Bos langsung menyat ngadeg mlaku nang stasiun, péngin ndelok kok iso-isoné Pinokio si-bonéka kayu kuwi numpak KRL. Penasaran, sungguh penasaran.

Tekan stasiun jebul sepi-sepi waé. Cak Babo takon nang satpam stasiun: ” Mas lha Pinokio-né nang endi? Jawab mas satpam: “O wis nang kelurahan Cak ...” Karo rodo grundelan sithik rombongan terus belok kiwo mlaku nang jurusan Kelurahan. Podho mbesengut ning tetep mlaku, malah mlakuné rodo cepet soalé penasaran. Sungguh penasaran.

Tekan kelurahan wis akèh wong podho kumpul, lan ora suwé Lurah Mukidi metu seko Balai Desa, langsung nang podium. Totok takon nang Likwan “Lik, Lurahé Mukidi kaé nganggo sragam opo yo ....” Durung sempat Likwan jawab, Lurahé Mukidi wis mbukak pidato: “Sedèyèk-sedèyèk ...” Lurahé ora neruské pidato, mandeg terus clinguk’an kiwo-tengen, kétoké nggolèki Pak [ ..... ]. Lanjut ujar: “Pak [ ..... ] tulung diteruské ...,” Lurahé ngkè’i perintah.

Pak [ ..... ] langsung maju nang podium, mbenaké mik, pasang koco-moto baca, bukak cathetan: “Bapa-ibu-sodara-sodara lan adik-adik ... Dinten meniko Pak Lurah ngagem sragam model prajurit Romawi, ngagem topi ingkang tengahé wonten jambul tekan mburi kaliyan jubah ingkang berkibar-kibar meniko atas saranipun Mas D---. Mas D--- maringi masukan supados Bapak Lurah nggelar sirkus lan nyebar roti ...[i]” Plok ... plok ... plok. Pak [ ... ] tambah semangat, karo ngangkat tangan kiwo mbengok: “Horé! Horé! Horé!”

Jawab hadirin spontan: “Nggiiih ....”

“Roti sampun siap disebar. Petugas penyebar roti sampun siap grak bapak-ibu-sodara-sodara lan adik-adik ....,” lanjut Pak [ ... ]. Plok ... plok ... plok ... Pak [ ... ] tambah semangat : “Roti! Roti! Roti!”

Jawab hadirin ora kalah kenceng: “Nggiiiiih .....”

“Lha sakmeniko bab sirkus, kita panggil bapak-ibu-sodara-sodara lan adik-adik, sirkus mini Pak’é Tholé!” Plok ... plok ... plok.

Pak Tholé karo rombongan ciliké metu seko Balai Déso, langsung unjuk kemampuan. Gebrakan sing sepisan, Pak Tholé langsung ujar kanthi kenceng: “Lik Kio numpak KRL!” Langsung waé kethèk sing irungé ditambahi irung-irungan seko kertas kuwi nyedhak nang kreto mini sing gerbong ngarep dhéwé ono setang lan pedalé. Munggah, lan Lik Kio terus nggenjot mubeng nang ngarepé penonton. Dung-dung-crèng .... crèng-crèng-dung .... dung-crèng-dung-crèng-dung-crèng .... Pak Tholé lan asistèné nabuh kendang lan kencrèngan kanthi semangat. Ponakané Koh Bos sing ndodok cedhak Pak Tholé nganti nutup kuping kiwo-tengen. Plok .... plok .... plok.

Kang Yos nylethuk nang Cak Babo karo nunjuk nang Lik Kio: “Cak, lha kuwi Pinokio-né ....”

Totok mèlu-mèlu njelaské: “Kuwi lho Cak, Lik Kio kuwi kan seko Lik Pinokio ....” Cak Babo manggut-manggut waé, serius nonton Lik Kio nggenjot kreto mini. Ora mung manggut-manggut ning yo karo klècam-klècem nahan geli.

Telung ubengan Lik Kio mandeg nang ngarepé Pak Tholé sing terus ujar: “KRL numpak Lik Kio ...!” Lik Kio terus mlaku nyopot gerbong kreto mini mburi dhéwé, sing kiwo tengené ono tulisané K-R-L. Diangkat nang dhuwur sirah, digejengi bèn ora tibo terus mlaku mubeng nyedhak penoton. Penonton roto-roto wis podho dong, sing péngin nyawer dileboké nang gerbong sing disunggi karo Lik Kio kuwi. Crèng-crèng-dung ..... dung-dung-crèng ..... crèng-dung-crèng-dung-crèng-dung. Plok .... plok ..... plok. Koh Bos geliné ora karu-karuan, ngèkèk-ngèkèk nganti ke-jlungup-jlungup. Mungkin malah nganti kepentut-pentut.[ii] Luwih-luwih nèk pas Lik Kio da-dah da-dah, soalé nèk pas da-dah da-dah kuwi gerbong K-R-L mini sing disunggi Lik Kio dadi miring-miring koyo-koyo-o arep keplèsèt tibo.

Telung ubengan Lik Kio nyedhak nang Pak Tholé manèh. Pak Tholé terus nabuh kencrèngan, crèng-crèng-crèng: “Lik Kio .....” [iii] *** (08-03-2019)

 

[i] Monggo dipun persani: https://www.pergerakankebangsaan.com/156-Roti-dan-Sirkus/

 

[ii] Buktinipun, Yu Yatmi mie ayam ingkang ngadeg wonten mburinipun Koh Bos terus pindah kaliyan mithet irung

 

[iii] Diterusaken piyambak-piyambak, soalipun menawi diterus-terusaken mboten rampung-rampung mangké

Pinokio Numpak KRL

gallery/pinokio2
gallery/rome
gallery/train