www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

12-04-2019

“Iséh podho ribut soal bal-bal-an wingi, Koh ....,” Nyah Ndut takon nang Koh Bos.

“Iséh Nyah .....,” jawab Koh Bos.

“Tambah ramé Nyah,” Totok neruské.

“Lha piyé Tok urusané kok ora rampung-rampung...,” Nyah Ndut takon nang Totok.

Totok : ”Lurahé njengat Nyah ....”

Kang Yos : “Lurahé ora trimo diarani urik  ...”

Nyah Ndut : “Lha kan wis jelas to ...”

Likwan : “Bal-bal persahabatan kuwi kan sitemé ‘hom ewé’ Nyah. Wingi nang dusun Lor, sesuk esuk ganti nang dusun Kidul ...”

Nyah Ndut : “ Oooo ngono yo ... Lha opo hubungané kok Lurahé dadi njengat ...”

Koh Bos : “Omongé Lurahé wong durung rampung-rampungan skor-é kok wis diarani urik ...”

Cak Babo : “Lurahe kuwi pancèn rodo poya mol Nyah. Nèk kon mikir akèh-akèhé lelet-rendet-cupet, ribet manèh  ... mutar-muter ra jelas ...”

Nyah Ndut : “Lha piye to Cak jelasé ...”

Cak Babo sing pas mahasiswa wis tahu mèlu kursus manajemen sedhélok, terus njawab: “Bal-bal-an kuwi koyo liya-liyané Nyah, kan ono input-prosés-output-é.  Input conto, pemain ono sewelas, ono lapangan bal-é, ono wasit lan liya-liyané. Ono gawangé. Prosés, yo pas main kuwi. Main 90 menit kuwi. Output, skor-é piro ....”

Nyah Ndut : “Dadi maksudé Cak Babo, urik kuwi iso nang input, iso nang prosés ugo yo ....”

Cak Babo : “Persis Nyah ....”

Nyah Ndut : “Koyo wingi tim-é Lurahé jumlah 12, ngèyèl kudu ngono, ngèyèl kuwi ora urik ....”

Totok : “Persis Nyah, koyo wingi pas Lurahé ngèyèl yen si A... lan T .... diétung separo-separo ...”

Nyah Ndut : “Lha kok iso Tok?”

Koh Bos : “Lha soalé dhuwuré ora nyandhak 140 senti Nyah, dadi Lurahé ngèyèl kudu diétung setengah-setengah ...”

Nyah Ndut : “Termasuk wasité ora nggowo kartu kuning lan kartu merah kuwi urik-input yo ...”

Koh Bos : “Hè’èh Nyah ....”

Nyah Ndut : “Terus narik kaos, narik kathok, njegal, nyodok kiwo-tengen, mlotroké kathok .... kuwi urik nang prosés yo Koh ....”

Koh Bos : “Hè’èh Nyah ....”

Totok : “Nah menurut Lurahé Mukidi Nyah, kuwi-kuwi durung iso diunèké urik ....”

Nyah Ndut : “Soalé étungané skor-é durung rampung ... ngono yo Tok.”

Totok : “Hè’èh Nyah .....”

Nyah Ndut : “Dadi menurut Lurahé, nèk skor kuduné 0 - 57 terus ujug-ujud diubah dadi 57 – 0, lha kuwi gèk urik .... Ngono yo Tok ...”

Totok : “Hè’èh Nyah .....”

Nyah Ndut : “Ora didelok soal piyé input-é lan prosés-é, njegal-nyodhok-mlotroké kathok kuwi ...”

Totok : “Hè’èh Nyah .....”

Nyah Ndut : “Lha kok pénak tenan, wis jan nggathèli tenan kuwi ....Wis diomongké nang Lurahé soal input-prosés-output kuwi opo durung?”

Likwan : “Uwis Nyah ....”

Nyah Ndut : “Dijelaské alon-alon, kan Lurahé rodo piyé ngono ...”

Totok : “Uwis Nyah, alon-alon nganti thimik-thimik ....”

Kang Yos : “Tetep ora paham Nyah ...”

Nyah Ndut : “Poya mol, dab ...”

Kang Yos : “Hè’èh Nyah...”

Nyah Ndut : “Pecas ndahé, dab....”

Kang Yos : “Hè’èh Nyah....” ***

(12-04-2019)

Urik (Bingiiit)

gallery/skor