www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

05-08-2019

Héran aku ....,” Lurahé Mukidi mbukak pidato. Ujug-ujug waé Mas D nyedhak nang podium terus bisik-bisik. Bar bisik-bisik terus mundur manèh. Langsung waé Lurahé Mukidi terus gèdhèg-gèdhèg. Durung sempat lungguh, Mas D balik nyedhak manèh, terus bisik-bisik ...

Lurahé Mukidi lanjut pidato, di-ulang: “Heran aku ....” Saiki wis bareng karo gèdhèg-gèdhèg. Plok ... plok ... plok. Ujug-ujug waé Mas D nyedhak manèh. Ora sengojo Mas D bisik-bisik rodo banter dadi suarané Mas D mlebu mik. Hadirin dadi podho mèlu krungu. Kiro-kiro sing dibisiké Mas D nang Lurahé ngéné: “gèdhèg-gèdhègé mulainé seko kiwo pak Lur ...” Lurahé Mukidi manggut-manggut karo bisik-bisik nang Mas D: “Mulai gèdhèg-gèdhègé ngiwo sik yo Mas ..”

“Mas D: “Hè’èh pak Lur ... Sip!”

Lurahé Mukidi garuk-garuk sirah terus lanjut pidato, di-ulang: “Heran aku ...” Saiki wis bener, omong ‘heran aku’ bareng karo gèdhèg-gèdhèg. Lan ‘jurusan gèdhèg-gèdhègé’ wis bener, mulai seko ngiwo terus gèdhèg nengen, ngiwo manèh, nengen, balik nang kiwo manèh, lan sak terusé. Plok ... plok .... plok.

Totok: “Lik, gèdhèg waé saiki ono aturané yo ...”

Likwan: “Hè’èh Tok, aèng-aèng waé ...

Cak Babo: “Ngiwo sik Tok, ojo lali ... kualat ngko.”

Kang Yos: “Ngiwo sik kuwi nèk gèdhèg mergo heran Cak ...”

Koh Bos: “O ngono yo Kang. Nèk pas emoh opo ora opo ogah terus gèdhèg-gèdhègé mulai seko tengen opo kiwo?

Likwan: “Nek gèdhèg-gèdhèg mergo wegah kuwi ora ono urusané karo mulai seko kiwo opo tengen Koh ..., ning gèdhègé luwih kenceng ... dadi soal cepet-aloné gèdhèg

Totok: “O ngono yo Lik. Lha mau Lurahé Mukidi ke-heran-heran-an kok gèdhègé kenceng banget ....”

Kang Yos karo cekikikan: “Kuwi Tok, karepé Lurahé heran banget ...”

Cak Babo: “Hè’èh Kang, Lurahé Mukidi gèdhèg kenceng nganti Mas D wae kaget ... Opo ora latihan sik yo Kang ...”

Koh Bos: “Urusan karo Lurahé kuwi kudu dicathet bèn Lurahé tinggal moco. Dadi kudu ditulis ngéné: ‘gèdhèg mulai seko kiwo, ojo kenceng-kenceng ‘ ...”

Totok: “Lha ngko ora rampung-rampun gèdhèg-gèdhègé Koh, kudu ditambahi: ‘paling suwé gèdhèg ping limo’ ....”

Kang Yos: “Wis kojur tenan duwé Lurah pah-poh koyo ngéné ...”

Koh Bos: “Plonga-plongo Kang ...”

Likwan: “Iyo yo, kok iso-isoné yo ... Kuwi critane piye ...”

Totok: “Curang Lik, pilihan wingi kuwi super-urik Lik .... Wis jan pabu tenan kuwi.

Ujug-ujug Lurahé Mukidi ngrampungi pidatoné: “Oké .... terima kasih ...” Terus balik kanan, tanpo pamit-pamit.

Totok usil: “Kadingarèn nganggo: oké... terima kasih ...”

Kang Yos: “Soalé gèk pas héran Tok, dadi yo rodo piyé ngono ...”

Koh Bos: “Lho Kang ... Kaé Lurahe kok isih gèdhèg-gèdhèg terus ... “

Kètoké Mas D lali ngandhani nèk gèdhèg-gèdhèg-é cukup ping limo ...” Ha ha ha ha .... *** (05-08-2019)

Mukidi: "Heran Aku ..."

gallery/pinokio2