www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

27-09-2019

Nang cakruké Nyah Ndut gèk rodo gayeng. Cak Babo seko pasar mampir cakruk karo nggowo selebaran, selebaran soal lomba cipta lagu. “Lho Cak, ono lomba kaitané karo opo?” Totok takon nang Cak Babo.

“Kuwi Tok, dalam rangka ‘Mukidi Ribon'. Kuwi lho .... ditulis nang nduwur dhéwé,” Kang Yos sing njawab karo nunjuk selebaran.

Cak Babo neruské: “Ngko lagu sing menang selain oleh hadiah pit onthél terus ugo kanggo ngiringi baris-berbaris pas tanggal 20 Oktober sésuk kuwi Tok.”

“Pas ‘Hari Ngibul Nasional[1] kuwi Cak,” Koh Bos mestèké.

“Hè’èh Koh ...”

“Maksudé ‘Mukidi Ribon’ kuwi opo Kang?” Totok takon nang Kang Yos.

“Wingi aku ketemu Mas D, ribon kuwi mergo Lurah Mukidi rasané koyo-koyo-o lahir manèh.”

“Lahir manèh Kang?”

“Hè’èh Tok. Nèk mbiyèn lahir nang Rumah Sakit saiki ngimpi lahir nang pinggir kali. Sing lahir nang pinggir kali kuwi rodo bédo, ora oèk-oèk-oèk koyo pas lahir nang Rumah sakit kaé, bédo Tok, sing iki ujug-ujug waé iso omong ‘ko-mit-men’..... Ngono critané Tok.”

“Ngono yo Kang ....” Totok komentar singkat karo plendas-plendus garuk-garuk sirah.

Ujug-ujug waé Likwan usul nang Kang Yos: “Kang, sampéyan kan pinter nyanyi ....”

“Iyo Lik, Kang Yos kuwi pas turu waé nyanyi lho, nglindur ning nyanyi ...,” Totok mèlu nimbrung.

“Ora mung nyanyi Tok, kapan kaé malah pidato ...,” Cak Babo nambahi keterangan soal nglinduré Kang Yos.

Kang Yos mung pecingas-pecingis, ning ujug-ujug waé paham usulé Likwan: “Piye nèk mèlu lomba nganggo lagu iki ....”

“Nah ..... sip Kang, piyé laguné?” Likwan dadi penasaran.

Kang Yos nyruput kopi ndisik terus nyumet rokok: “Ngéné .... ‘ayo komit’ - ‘ayo komit’ .... ‘nang kebon’ - ‘nang kebon’ ....”

Koh Bos sing neruské: "Tutupi godhong pring – tutupi godhong pring ...”

Totok semangat: “Bèn garing .... bèn garing ...”

Plok-plok-plok

Nyah Ndut mèlu keplok, di luar dugaan, Nyah Ndut: “Aku saiki sing nyanyi Kang ....”

Kang Yos: “Ok ok Nyah .... Tak rekam nganggo HP yo Nyah ...”

Nyah Ndut mulai nyanyi kanthi semangat: “Ayo ngising .... ayo ngi ...”

“Stop stop Nyah,” Totok unjuk tegas.” Sing versi lomba Nyah, dudu versi asliné ...”

“Wah sori Toook, soalé kèlingan mbiyèn nèk durung dinyanyèké lagu asliné kuwi tholé ora gelem turu-turu ...” Nyah Ndut njelaské.

“Wah opo mergo kuwi mas G dadi gampang mèncrèt Nyah ..” Cak Babo nggoda Nyah Ndut. Mas G kuwi anak lanang nomer loroné Nyah Ndut.

“Mungkin yo Cak..,” Nyah Ndut dadi rodo sedih.

“Yo ora ngono Nyah, ora ono hubungané. Ngko tambah umur kan alon-alon dadi ora mèncrètan manèh Nyah,” Likwan nglerem-ngleremi. Nyah Ndut dadi semangat manèh terus ujar: “Balèni yo Lik ...”

Nyah Ndut ambil posisi, saiki nyanyi karo tunjuk-tunjuk jari koyo pas nèk Cik Té mulang cah-cah TK kaé.

Ayo komit ...... ayo komit ....”

“Nang kebon .... nang kebon ...”

“Tutupi godhong pring ...”

“Tutupi godhong pring ....”

Nyah Ndut nylethuk: “Bareng-bareng ....” Sak cakruk kompak mèlu nyanyi bagian akhir:

“Bèn garing .... bèn garing ...”

Plok-plok-plok ..... *** (27-09-2019)

[1] https://www.pergerakankebangsaan.

com/396-20-Oktober-Hari-Ngibul-Nasional/

Cathetan 29-09-2019:

Koh Bos iseng-iseng nggawé versi Londo:

Are you sleeping? Are you sleeping?

Brother John .... Brother John

Morning bells are ringing

Morning bells are ringing

ding ... dang ... dong

ding ... dang ... dong

 

 

 

Ayo Komit nang Kebon!

gallery/jokowi pekok