www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

17-10-2019

Soré kiro-kiro jam setengah pitunan poro sesepuh déso ngadhep Lurahé Mukidi nang Balai Désa. Wong pas makan malam dadi yo terus sisan makan malam bareng. Menu-né, sego-endog-iwak-pitik, komplit karo buah pisang siji-siji. Ngombé disediani macem-macem, seko putihan waé, téh manis, tekan kopi lan jahé anget. Lurahé ora wani nyediake ès-ès-an soalé tamuné wis podho sepuh, ngko ndak malah watuk-pilek, répot. “Monggo-monggo .....,” Lurahé Mukidi nyambut poro sesepuh kuwi. Likwan, Totok, Kang Yos, Cak babo karo Koh Bos mergo mèlu resik-resik nyiapké Balai Déso terus mèlu nunggoni nang kursi mburi.

Karo dhahar bareng, Mbah FMS ngaturké ujar: “Pak Lur, mbok soal KPK niku .....”

Komisi Pemberantasan Kuman-kuman meniko ....,” Mbah TH mèlu njelaské.

Mbah FMS lanjut: “ KPK mbok diurus kanthi bener ...

Lurah Mukidi: “Nggih-nggih ...., leres Mbah, saé .....

Mbah FMS: “Mangké bèn déso dados resik ...

Lurah Mukidi: “Nggih-nggih ...., leres Mbah, saé .....

Mbah QS: “Menawi deso resik kan nyenengké ...

Lurah Mukidi: “Nggih-nggih ...., leres Mbah, saé .....

Mbah ERH: “Kaliyan menawi wonten warga ingkang usul ...

Lurah Mukidi: “Nggih-nggih ...., leres Mbah, saé .....

Mbah MB: “Wah ... endoge mak-nyus tenan Pak Lur ....”

Lurah Mukidi: “Nggih-nggih ...., leres Mbah, saé .....

Mbah ES: “Kulo ijin teng wingking rumiyin ...

Lurah Mukidi: “Nggih-nggih ...., leres Mbah, saé .....”

Mbah KH: “Ibu kabaré pripun Pak Lur ...

Lurah Mukidi: “Nggih-nggih ...., leres Mbah, saé .....

Totok gatel trus bisik-bisik nang Kang Yos: “Kang ... nggowo plinthengan opo ora?!”

Kang Yos: “Ononé tulup-é keponakan-ku Tok ..”

Cak Babo: “Iso kuwi Tok ..”

Totok: “Ditulup apané Cak ...”

Koh Bos: “Canggg ... kemmm ... ééé .... Tok ....”

Likwan: “Ojo mlèsèt lho Tok ....”

“Hè’èh Lik, siap! Di-isi opo Kang .. “

“Sing nggo nulup Tok?

“Hè’èh Kang.”

“Upil-mu waé Tok ...”

"Siap Kang ...! Di-pas-ke pas mangap Kang...”

“Siiip ...” *** (17-10-2019)

Mukidi Kaliyan Poro Sesepuh Niku

gallery/pinokio2
gallery/dinner kartun