www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

02-11-2019

Soré pas nongkrong nang Cakruk, gayeng soal Chelsea bar nggebuk MU. Cak Babo wis jan dirujak karo liyané. Kecuali Cak Babo, liyané fans beraté Chelsea. Yo mung Cak Babo dhéwé sing MU. Ujug-ujug waé Totok nylethuk: “Lha kaé rombongane Pak’é Tholé ...”

Pak’é Tholé, asistèn sing nggendong Sis Pini, lan Mak’é Tholé sing nggéndong Lik Kio. Komplit, rombongan nuju nang cakruké Nyah Ndut.

Koh Bos: “Wah seko ngendi Pak’é ....”

Pak’é Tholé: “Tanggapan luar kota Koh ....”

Mak’é Tholé terus mothès gedhang loro, siji nggo Lik Kio, siji nggo Sis Pini. Gayeng Koh ....,” Mak’é Thole nambah keterangan.

Kang Yos: “Wah kaosé Lik Kio anyar ....”

Mejo nang ngerepé Pak’é Tholé lan Mak’é Thole kosong, dadi Sis Pini lan Lik Kio iso lungguh bareng nang kono, ndhuwur mejo. Santai karo télap-tèlep ngemplok pisang. “Hè’èh Kang ... Kaos anyar, spesial ...,” jawab Mak’é Tholé. “Ono tulisané lho ....”

Totok dadi penasaran soal tulisan nang kaosé Lik kio: “Coba Lik Kio kon ngadeg Mak ...”

Pas pisang wis entèk, Pak’é Tholé ujar nang Lik Kio karo ngelus-elus endasé Lik Kio: “Lik .... ngadeg, pamer kaos ...” Lik Kio terus ngadeg, tangan kiwo-tengen diangkat. Tulisan sing nang kaos dadi kétok cetho, tulisan werno ireng: ‘MANIPULATOR’. Ujung-ujug waé Sis Pini pengin mèlu ngadeg. Mak’é Tholé wis tanggap, cepet-cepet ngetokké koco pengilon seko tas. Terus di-kè’é nang Sis Pini, lanjut: Sis Pini bergaya nang ngarepé Lik Kio supoyo Lik Kio iso ngoco. Sak cakruk dadi gayeng. Plok-plok-plok.

Sis Pini terus medhun nemplok nang Mak’é Tholé, njaluk pisang manèh. Lik Kio terus mubeng nang nduwur mejo, tos-tos-an sik karo Likwan, Kang Yos lan kabèh. Tos karo mlaku sajak koyo ya’-ya’-o kaé. Penthunthang-pethunthung mergo nganggo kaos sing ono tulisane ‘MANIPULATOR’ kuwi, cuk.

Pecas-ndahé-dab ... *** (02-11-2019)

Manipulator, Cuk