www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

03-12-2019

Pas podho nongkrong nang cakruk-é Nyah Ndut, Pak MD, koordinator pengumuman déso mampir nang Nyah Ndut. “Nyah ... titip pengumuman yo ...,” Pak MD njaluk ijin nang Nyak Ndut.

Nyah Ndut: “Oké ... oké ...” Pak MD terus nyerahké selebaran nang Nyah Ndut lan sing pas podho nongkrong. Totok sing wis terkenal males moco terus takon nang Kang Yos: “Pengumuman bab opo Kang?”

Iki lho ono lomba anyar ....,” Kang Yos njawab karo males-malesan.

Lomba cipta lagu manèh Kang?”

Ora Tok, iki lomba anyar, lomba golèk rai ...”

Golèk rai Kang?!” Koh Bos sing ora nyekel selebaran dadi mèlu penasaran.

Hè’èh Koh, lomba golék rai ... cari muka ...,” Likwan mèlu njelaské.

Rai-né sopo Lik?” Cak Babo mèlu penasaran.

Totok: “Rai-né Pak Lur?”

Kang Yos: “Ora Tok. Soal rupané Pak Lur kan wis cetho plendas-plendusé. Iki rai-né Pak Dèngkèk ... Cak.”

Serius ki Kang ...,” Totok sajak ora percoyo.

Lho tenan iki. Woconen dhéwé to ... ki ... Moco komiiik waé terus ora ono mandegé ...,” Kang Yos njawab rodo karo mangkel, terus disodorké selebaran pengumuman nang Totok. Durung sempat Totok mulai moco, ujug-ujug waé kabèh podho méngo nang Nyah Ndut. Nyah Ndut rengeng-rengeng nyanyi: “Pak Dèngkèk ...... duwé cangkem-cengkem gedhi .....

Mas Amir: “Nyah ojo ngawur ....”

Nyah Ndut: “Sak karepku to Mas ...” Terus waé Nyah Ndut lanjut nyanyi bait ke-loro: “Pak Dèngkèk .... duwé cangkem-cangkem gedhi ....

Cuk Bowo: “Nyah ... ngko nèk Lurahé krungu iso ditapuk kiwo tengen lho ....”

Kang Yos: “Soal cangkemané kuwi Wok ....

Hè’èh Kang ...”

Pak Déngkèk ..... duwé cangkem-cangkem gedhi ...” Nyah Ndut lanjut terus nyanyiné. Wis tekan bagian akhir: “Nang ngisor ....”

Totok penasaran Nyah Ndut kok terus mandeg nyanyiné: “Nang ngisoré opo Nyah ...”

Nang ngisor .... dengkulé ...”

Koh Bos: “Lho ... kok ndadak nang ngisor dengkul Nyah ...”

Lha piyé manèh Koh, pas nang dengkul wis kebak karo utek jé ...” *** (03-12-2019)

 

Nyuwun pangapunten kagem poro penggemar lagu mars John Brown’s Body (Pono Banoe, Kamus Musik, Kanisius, 2011, cet-6, hlm. 205)

Lomba Golèk Rai