www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

13-02-2020

Totok semangat crito: “Di-plin-theng wong loro Kang ...”

Kang Yos: “Langsung benjut Tok ?”

Totok: “Ora Kang. Lusut terus Kang, padahal wis wong loro gantian mlintheng lho ....” Cak Babo nimbrung: “Mungkin mlayuné cepet banget Tok ...”

Totok: “Lho ... lha dè’é kuwi mung meneng ngadeg waé lho Cak. Miring ngiwo sithik ... Ora keno ... Miring tengen sithik ... Ora keno ... Setengah kayang .... Ora keno ....” Likwan mèlu penasaran, nimbrung: “Sing kuwi Tok?”

“Hè’èh Lik ...”

Likwan: “Wooo nèk kuwi ora mung diplintheng Tok ..”

Lha trus diapaké Lik,” Totok malah dadi penasaran dhéwé.

Likwan: “Mlayu di-be-dhil lusut terus. Dor .. Trus mlumpat kiwo ... Ora keno ..., dor manèh ... Mlumpat tengen .... Ora keno ..., dibedhil manèh ... Mandeg mak greg Tok .... Ora keno .....”

Totok: “Lusut terus Lik?

“Hè’èh Tok ....”

Totok karo gèdhèg-gèdhèg lan tepuk-tepuk pundaké Cuk Bowo: “Waaah, sekti tenan yo Cuk ...” Mergo pundaké ditepuk-tepuk Totok, Cuk Bowo njur mèlu tangi: ”Ora mung di-plin-theng lan di-be-dhil Tok ...”

Lha trus diapaké manèh Cuk,” Totok tambah penasaran.

Cuk Bowo: “Déso [....] kan gèk ono wabah watuk-pilek-seseg-mèncrèt. Kabèh dho nganggo masker nèk metu omah, wedi ketularan ...”

Totok: “Trus mlebu nang deso kuwi Cuk?”

“Hè’èh ....”

Totok: “Trus klipuk-klipuk keno watuk-pilek-seseg-mèncrèt Cuk?”

“Ora Tok ... Malah pecicilan ora nganggo masker, ngligo manèh....”

Totok: “Malah oté-oté Cuk?”

“Hè’èh ...”

Totok: “Yo mangan lowo bakar ugo Cuk?”

“Hè’èh ... Tèlap-tèlep Tok. Malah njaluké setengah mateng ... Wis ngono, mangan karo ngligo lan jegang ... Wis koyo yak-yak-o kaé Tok ..”

Totok: “Yo ora ngono Cuk, kuwi ora yak-yak-o to Cuk ..., pancèn sekti tenan kuwi jé ...”

Mas Amir: “Ning bar kuwi terus nggeblak Tok ...”

Totok: “Ora mungkin Mas, sekti lhooo ....”

Cak Babo: “Soalé Tok, mangan lowo bakaré kuwi bareng karo ngrungoké siaran radio. Pas Lurahé Mukidi pidato ...”

Totok: “Ora mungkiiiin Cak, sekti lho ....”

Koh Bos sing njelaské: “Nggeblak mergo kalah sekti dibandingké karo Lurahé ...”

Totok: “Kok iso?”

Likwan: “Di-plin-theng, di-be-dhil lusut terus ora ono sing keplok Tok ....”

Totok: “Lha opo hubungané?”

Koh Bos: “Lurahé pidato isiné nggedebus thok sing keplok akèh ... Sak thékrok sing keplok.”

Totok: “Padalo nggedebus thok isiné yo Koh...”

“Hè’èh ...”

Totok: “Ooo ngono yo Koh ...”

“Hè’èh ...”

Totok: “Dadi kalah sekti yo Koh ...”

“Hè’èh ...” *** (13-02-2020)

Sekti Tenan, Cuk ...