www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

04-08-2020

Ramé-gayeng nang cakruk-é Nyah Ndut. Cak Babo nang Kang Yos: ”Iki puisiné Kang?”

Hè’èh Cak ...”

Ndelok dhilit Kang ...,” Nyah Ndut mèlu penasaran. Kang Yos terus ngulungké kertas puisiné. “Iki ... Nyah.”

Nyah Ndut nompo kertas puisi, didelok, diwolak-walik: “Mung iki Kang ...?”

Hè’èh Nyah ....”

Tak woconé yo Kang ...: Iki judulé pancèn: Ora Ngerti Kang?”

Hè’èh Nyah. Oké silakan diwoco Nyah ...”

Nyah Ndut pasang aksi, tangan kiwo nyekel kertas puisiné Kang Yos, tangan tengen methènthèng, wis koyo cuk Rendra kaé. Mulai .... “O-ra Nger-ti .....” Nyah Ndut moco judul full intonasi, full èksprèsi ....

Ndas – mu!!!” Tangan tengen sing mau menthènthèng terus diangkat munggah, driji telunjuk ngacung ngarep dhéwé. Ora podho ngiro jebul Nyah Ndut pancèn saingané cuk Rendra. Terus Nyah Ndut meneng waé, sepi .... Ujug-ujug diteruské: “Lho kok ora dho keplok?”

Totok: “Lho wis rampung to Nyah ...”

Lha uwis to yo, iki kan pus-pén, puisi pèndèk ...” Plok-plok-plok ..., spontan terus dho keplok ngaprésiasi aksiné Nyah Ndut. Totok malah suit-suit banter banget. Totok lanjut terus ngadeg, nyedhak nang Nyah Ndut: “Saiki aku arep moco puisiku dhéwé Nyah ...”

Nyah Ndut minggir, ganti Totok pasang aksi persis Nyah Ndut mau kaé. Siap-siap, mulai ... : ”A-ku ... ka-get ...” Langsung Totok angkat tangan tengen karo driji telunjuk ngacung ngarep dhéwé. Ujug-ujug spontan sak cakruk gemes mbengok banter: “Ndas-mu!!!” Plok-plok-plok ... *** (04-08-2020)

Ora Ngerti?? Ndas-mu!!