15-08-2020
Nyambi nyiapké kopiné Kang Yos lan liyané, Nyah Ndut karo rengeng-rengeng nyanyi: “Lompat-kiri ..... lompat-kanan .... lompat-ke-kiri ...... lompat-ke-kanan ...” Totok terus ngadeg, kesetroom mèlu nyanyi karo nggaya persis goyangé Mbah Makmud: “Goyang-kiri ..... goyang-kanan .... goyang-ke-kiri ..... goyang-ke-kanan ....”
Nyah Ndut: “Waah, suaramu apik tenan Tok ...”
Totok karo plendas-plendus: : “Hè’èh Nyah ...”
Koh Bos nimpali: “Totok kuwi anggota koor nang grejo Nyah ...”
Nyah Ndut: “Ngono yo Tok ...”
“Hè’èh Nyah ...”
Nyah Ndut: “Lha Koh Bos kan angger Minggu ugo lungo grejo...”
Totok sing njawab: “Koh Bos kuwi Nyah, bar ora dadi misdinar manèh, karepé nongkrong jogo parkir waé .... Ora mutu ...”
“Ngono yo Koh ...”
“Hè’èh Nyah ...”
Cak Babo nimbrung ngobrol: “Lik, kowé nèk pas ngaji kan suoroné apik ...” Likwan plendas-plendus waé. Mbiyèn Likwan kuwi wis tau juara MTQ tingkat kabupaten. Likwan: “Iki Kang Yos cak, suarané mentul-mentul ... nyanyi kang ....”
Kabèh wis podho ngerti nèk suarané Kang Yos kuwi pancèn apik tenan, asli mentul-mentul. Turu-nglindur wae kadang isiné nyanyi. Kang Yos nyruput kopi, terus nyecek rokok sing pancèn tinggal sak-sedhotan. Ngadeg, gaya nyanyiné tangan tengen nang dhodho, tangan kiwo mbukak, gantian. Persis koyo cah TK deklamasi. Cuk Bowo ora sabar: “Ayo Kang, mulai....!”
Kang Yos mulai nyanyi: “Ngibul-kiri .... ngibul-kanan .... ngibul-ke-kiri .... ngibul-ke-kanan ....” Plok-plok-plok. Totok ora gelem kalah, ngadeg terus nyanyi karo goyang Mbah Makmud: “Entut-kiri ....”
Langsung disetop karo Mas Amir: “Mandeg sik Tok, iki ngko sego-pecelé nyanthol nang telak lho ... “
Totok: “Nyanthol nang telak terus ora dadi tai yo mas....”
Cuk Bowo sing jelaské alon-alon: “Maksudé, ojo omong kemproh-kemproh dhisik Tok ... Iki gèk ono sing dhahar pecel ....”
“Ngono yo cuk ...”
“Hè’èh ...” *** (15-08-2020)