www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

27-10-2020

Lagi asyik-asyiké nongkrong nang cakruk, Pak [...] ujug-ujug nylonong nimbrung karo penthelang-pentheleng. Ora gelem lungguh, malah karo tunjak-tunjuk, nudang-nuding, bengak-bengok: “Hayooo sopo sing arep kutéda .....” Sak cakruk podho plenggongan. Nyah Ndut langsung njupuk sapu-tangan, ngelap pipi lan irungé. Pak [...] mbengoké nganti muncrat-muncrat iduné. Nyah Ndut terus jaga-jarak.

Hayooo sopo sing arep kutéda, ojo terus plonga-plongo waé ...! Kutéda kok mbrangkang .... Ngadeg nèk wani!” Pak [....] njengat. Likwan bisik-bisik nang Cuk Bowo: “Lajel dab ...”

Cuk Bowo mbales yo bisik-bisik: : “Poya Lik, ... Utek kemproh lèrèn dhisik to Lik ....”

Bisak-bisik ..., plendas-plendus thok waé isané ....,” Pak [....] tambah njengat. Totok setengah bingung terus insting waé, kukur-kukur sirah. “Lha saiki tambah aksi kukar-kukur sirah ... Sok gatel ....” Pak [...] dadi njengit, saiki tambah omongé karo cengar-cengir. Totok dipliriki habis-habis-an koyo-koyo-o arep diuleg dadi sambel. Diplèroki abis.

Koh Bos diwanèk-wanèké takon kanthi alus: “Jan-jané wonten menopo to pak ...

Pak [.....] tambah super njengat: “Haalaaah .... Kura-kura numpak prau ...”

Cuk Bowo malah glécénannang Kang Yos: “Lho wis ganti to kang...

Kang Yos nyahut: “Hè’èh cuk, nèk ra ...”

Totok nimbrung serius: “Lho mbiyèn opo kang?!

Cak Babo sing njawab: “Komodo ....”

Mas Amir nggenahké kanthi kalem: “Dudu komodo cak, salah kuwi ... kirik saiki ...”

Totok lugu-lugu waé nyambung: “Dadi sing bener, kirik numpak prau yo mas ...”

Mas Amir: “Ya’é .....”

Ngono yo mas ...”

Nèk ra ...”

Pak [....] mèlu krungu lan dadi bingung, terus ganti posisi, méngo nang Mas Amir, alon-alon takon kanthi penasaran: “Wis ganti to mas....?

Sampun pak ... Sampun gantos sakmeniko ...” Mas Amir njelaské ugo kanthi alus, sopan.

Kapan?

Kang Yos: “Dèrèng suwé pak .... Pas sunatané putuné Nyah Ndut wingi niko...”

Ngono yo Nyah ...”

Nggih pak, leres...” Nyah Ndut njawab manteb. Gaya Nyah Ndut banget-lah.

Dadi wis ora kura-kura manèh Nyah ...”

Nggih pak, sakmeniko: kirik numpak prau ...”

Ngono yo Nyah ...” Pak [...] ganti sing kukur-kukur sirah, Totok gantian mlèrok abis. Karo pecingas-pecingis. “Rasain lu... modar kowé ...,” Totok mbatin. Kiro-kiro. Pak [....] terus nggèrèt kursi, mèlu lungguh-nongkrong, lan pesen kopi. Ngopi bareng saiki. Terus takon nang Mas Amir: “Mas, kok diganti kirik ..... Nèk asu waé piyé, kan luwih kerèn ....”

Totok: “Dadi asu numpak prau Pak?

Hè’èh Tok ..”

Josss pak. Sip-sip-sip-lah ... kerèèèn ...” Totok unjuk dua jempol.

Pak [...] ujug-ujug terus ngadeg karo ngangkat gelas kopiné. Dithuthuk-thuthuk nganggo sendok, alon-alon –nèk banter iso benthèt-pecah, cuk. Dudu kenthongan. Thing .... thing ... thing ... thing. Karo ngadeg Pak [...] ujar pengumuman: “Mulai saiki, jam-menit-detik iki, kirik numpak prau wis di-kutéda! Saiki dadi ....”

Totok langsung nyahut banter manteb karo angkat tangan kiwo: “Asu numpak prau ....!” Plok ... plok .... plok. Sak cakruk keplok bareng. Everybody happy. Seneng kabèh. Ngopi bareng dadi tambah gayeng. Nyah Ndut terus nyiapké tambahan kopi kanggo Likwan, Cak Babo, lan Kang Yos –kopi Papua Wamena nggo Likwan, Blue Mountain nggo Cak Babo, Kang Yos: Sidikalang Medan. Nyiapké kopi karo ujar alon: “Pecas ndahé dab ....” *** (27-10-2020)

Cathetan:

(1) Podho nongkroné kuwi sakdurungé wabah, dadi podho ora nganggo masker. Ugo durung sosial-distansing-distangsingan barang.

(2) Kutéda ora salah ketik, Pak [...] ngertiné ‘kutéda’ (dikandani karo Lurah Mukidi ngono kuwi). Soal kudéta Pak [....] poya mol, dab. Nek ra.

Kutéda