www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

22-01-2021

Jebul wis ora olèh, cuk ...,” Totok mbukak omongan karo Cuk Bowo. “Oponé si ora olèh Tok?” Cuk Bowo dadi penasaran. Totok terus nyedhak nang Cuk Bowo, bisik-bisik nang kupingé Cuk Bowo.

Ooo dadi saiki wis ora olèh nggo alat kekuasaan ..., ngono yo Tok...” Totok manggut-manggut karo alon njejak sikilé Cuk Bowo: “Ojo banter-banter Cuk ...” Telat ..., sak cakruk wis podho krungu kabèh. Kang Yos dadi mèlu penasaran: “Sopo sing wis ora olèh dadi alat kekuasaan Tok?” Totok éthok-éthok ora krungu, nyruput kopi terus njupuk pisang gorèng. Mas Amir sing cedhak karo Totok ngéléngké: “Kaé lho ..., ditakoni Kang Yos kok malah léda-lédé...”

Karo pasang aksi lugu-lugu-asu, Totok ganti takon nang Kang Yos: “Ono opo Kang?”

Kuwi lho sing Cuk Bowo omong mau kuwi ... bar dibisiki mau kuwi lho...”

Sing wis ora olèh dadi alat kekuasaan kuwi Kang?”

Lha iyo Tok... Sopo kuwi?” Cak Babo nimbrung rodo jèngkèl campur aduk karo penasaran.

Ning ojo kondho-kondho lho Kang ...”

Iyo ... iyo ...”

Soalé aku yo ora sengojo krungu lho iki ...”

Kapan kuwi Tok?” Likwan urun takon.

Mau ésok rodo awan Lik.”

Lha mau esok kan nang pasar?”

Iyo Lik. Nang tengah dalan kebelet Lik, terus mampir wéséné Balai Désa. Goro-goro mecel mau mbengi Lik”

Lho kok nyalahké pecelé.... Aku ésok tekan saiki baik-baik saja kok. Malah tekan saiki durung nang mburi jé ...”

Dadi ora mergo pecelé yo Lik ...”

Ora.”

Lha mergo opo yo Lik ... Ora mung méncrét, ambuné kuwi Lik .... Wis ngono ... wéséné Balai Déso ora ono angin-anginé manèh Lik, wis kojur tenan.

Keplepek entuté dhéwé Tok ..”

Hè’èh Lik.”

Biasané kuwi mangan sing kotor-kotor Tok, opo akèh laler sing ngrubung panganané ...,” Koh Bos mèlu nerangké.

Ngono yo Koh. Mungkin panganan sing nang omah mau mbengi. Lali nutup terus kotor mergo laler ... ngono yo Koh.”

Hè’èh Tok, kiro-kiro yo ngono kuwi ...”

Iki kok malah ngrembug soal mèncrèt ..., lha mau kuwi terus piyé Tok? Jan-jané sing wis ora olèh nggo alat kekuasaan kuwi sopo?” Kang Yos dadi jèngkèl.

Lho iki ono hubungané Kang. Jebul ono pertemuan nang Balai Deso Kang. Pas liwat krungu soal wis ora oleh nggo alat kekuasaan kuwi Kang ...”

Lha iyooo terus kuwi ki sopo?!”

Totok terus nerangké nganggo bahasa isyarat, nganggo isyarat-gerak cangkem. Langsung waé liyané wis dong maksudé. Likwan: “Bener kuwi Tok?!”

Bener Lik, kandani kok malah maido ...”

Sori Tok, soalé barang anyar grès iki ... Paradigma baru ... Angèl kuwi ...”

Ngono yo Lik...”

Ya’é Tok.”

“Tok ..., yo akèh sing teko nang Balai Déso kuwi?” Koh Bos takon.

Hè’èh Koh, ono mangan-mangané barang Koh. Ning ketoké sing nyiapké prasmanan lali nutupi Koh ... laler wis ndhisiki pesto Koh ...”

Sesuk iso-iso akèh sing podho mèncrèt kuwi Tok ...,” Cak Babo nimbrung karo pecingas-pecingis.

Ngono yo Cak?”

Hè’èh Tok. Ya’é.”

Tambah mabuk kuwi ...” Cuk Bowo mulai glècènan.

Mabuk opo Cuk?”

Mabuk entuté dhéwé-laaah ......”

*** (22-01-2021)

Jebul Wis Ora Olèh, Cuk ...