www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

16-04-2021

Cuk Bowo pamit mulih sedhélok mergo mules wis ora iso ditahan. Liyané komplit isih thongkrongan nang cakruké Nyah Ndut. Ujug-ujug waé ono wong loro nècis mèlu mlebu cakruk. Ora mung nècis, ning yo nggowo map lan balpoin barang, komplit koyo nèk arep sensus kaé. Si nècis-A terus ujar nang Nyah Ndut: “Menopo leres sampéyan niku Nyah Ndut?

Nyah Ndut: “Kinten-kinten Mas ...”

Nècis-B karo gojak-gajek: “Leres nggih ....?”

Totok sing njawab: “Ya’é Mas ...”

Nècis-A: “Kulo mboten saking aparat Nyah ...”

Nyah Ndut: “Ooo ... Nggih Mas, leres kulo [...]” Nyah Ndut nyebut jeneng asliné.

Nècis-B terus nyambung lan nerangké nèk dè’é karo konconé kuwi petugas survé. “Survé soal opo Mas?” Kang Yos nyelo waé, penasaran ya’é. Nècis-A sing njelaské nèk kuwi survé soal sopo sing pantes ngganti Lurahé Mukidi suk taun ngarep nèk pilihan lurah digelar. Nècis-B terus mulai mbukak map sing isiné lembar-lembar pitakonan. Jebul Nyah Ndut dadi salah-sijiné sing arep ditakoni. Durung sempat mulai tanya-jawab-é, Cuk Bowo mlebu manèh nang cakruk. Lego, wis ènthèng saiki. Ning bar weruh si nècis-A lan B, Cuk Bowo dadi penthelang-pentheleng, tetep ngadeg ora gelem lungguh dingklik. Nècis-A lan nècis-B yo terus cepet-cepet nutup map, cepet-cepet bèrès-bèrès, setengah mlayu metu seko cakruk. Nyetater pit motor, gas pol ninggalké cakruk tanpo pamit. Ter-kencing-kencing.

Likwan: “Lho kok koyo weruh demit waé to iki ...”

Cuk Bowo: “Biaran ....”

Totok: “Biarin to Cuuuk ...”

“Ngono yo Tok ...”

“Hè’èh Cuk ...”

“Biarin ...,” Cuk Bowo lungguh sembari ngralat omongan, terus pesen kopi Papua Wamena.

Cak Babo: “Jan-jané ono opo to, Cuk?

Cuk Bowo: “Mau aku pas mulih mules kuwi lho Cak ...” Nyah Ndut terus motong waé: “Cuk Bowo ki nèk mules njaluké mulih bèn iso karo lungguh Cak ...”

Koh Bos: “Padalo nang mburi kono yo ono yo Nyah ...”

Hè’èh Koh, cuman ndodok mémang. Ning super-bersih lho ...”

Dengkul Nyah, iki wis ora gelem nggo ndodok manèh ...,” Cuk Bowo nggenahké karo nunjuk-nunjuk dengkul kiwoné.

Totok: “Nyah, nèk aku ..., nèk aku lo iki ..., nèk karo lungguh malah ora iso metu ...”

Nyah Ndut: “Ngono yo Tok ...”

Hè’èh Nyah, mingsar-mingser tetep ora gelem metu .. Udut wis entèk sak ler isih durung gelem metu ...”

Njaluké karo ndodok Tok?” Koh Bos neruské.

Hè’èh Koh ... kudu ndodok, doktrin-é ngono Koh.”

Cak Babo dadi senèwen: “Iki kok malah ngrembug soal ndodok-lungguh, ndlèwèr tekan doktran-doktrin barang ... Cuk, kuwi mau genahé piyé?”

Cuk Bowo siap-siap njelaské, nyruput-kopi-nyumet-udut, éthok-éthoké terus mbenakké kocomoto, bar kuwi terus mlirik nang Totok. “Waaah sok Kang Yos waé, Cuk ...,” Totok paham glécénané Cuk Bowo, Kang Yos yo paham terus plendas-plendus waé. “Dadi ngéné ...” Cuk Bowo mulai njelaské nèk wong loro nècis mau sa’jané wis nang omahé dhisik. Sak durungé mampir nang Nyah Ndut kuwi. Sing ditakoni ngalor-ngidul Mak-é. Pas Cuk Bowo mulih mergo mules mau kuwi kanggoné Mak-é kebeneran dadi ono sing iso ditakoni. “Cuk, iki karepé opo to?” Cuk Bowo terus nyedhak nang Mak-é. Mèlu moco lembar pitakonan sing digowo karo wong loro nècis kuwi. Ora njawab Mak-é Cuk Bowo malah dadi njengat. Kertas dibalèkké nang wong loro nècis kuwi, lan terus diusir. “Lungo, metu seko omahku!!” Karo ngoplok wong loro nècis kuwi gagé metu omah, setengah mlayu nganti lali ora pamit barang.

Mau wis podho moco daftar-pertanyaan-é durung?” Cuk Bowo takon nang kabèh.

Durung ...,” kompak njawabé.

Lha kuwi, coba pitakonan sopo sing pantes ngganti Lurahé Mukidi suk nèk pilihan, daftaré kuwi lho ..., siji, bojoné Lurahé, loro, ponakané Lurahé, telu, anaké Lurahé, papat, boloné Lurahé, lima, putuné Lurahé ...”

Mas Amir: “Lho kan lurahé kan durung duwé putu?

Pancèn Mas, wis kucluk tenan kuwi .... Pilihané kuwi ditulis: putu-1, Mas ...”

Jan-jané sing kenthir kuwi sopo, Cuk?!

Mbuh Mas ... Kenthir-yo-kenthir, ning nèk terus ngrusak déso yo diusir waé to .... Ugal-ugalan tenan kuwi ... Sak-énaké waé obok-obok déso ...”

Nyah Ndut: “Bejo nang kéné mau durung sido takon-takon ...”

Totok: “Nèk jebul sido takon-takon, terus diapaké Nyah?”

Di-thuthuk nganggo pipo lèdeng, Tok.”

Nang endiné Nyah?” Likwan gatel nimbrung.

Unyeng-unyengé, Lik ...” *** (16-04-2021)


 

Jan-jané Sing Kenthir Kuwi Sopo, Cuk?!

gallery/silicon valley indon

https://twitter.com/panca66/status/1381724977125187584