www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

19-05-2021

“Kok gasik wis mulih ... Opo wis rampung?” Nyah Ndut Takon nang Totok.

“Wis Nyah ....,” jawab Totok singkat karo lungguh terus pesen kopi.

“Kopiné opo Tok?”

“Biasa Nyah, kopi Papua Wamena ...”

“Koh Bos yo kopi?”

“Téh nas-gi-thel Nyah ... Biasa.”

“Hè’èh Tok, kok gasik rampungé?” Kang Yos nyambung mèlu penasaran.

“Jan-jané yo durung rampung Kang ...”

“Lha kok wis bubar?” Likwan takon.

“Lurahé kuwi lho Lik ...,” Koh Bos mèlu nerangké. Dè’é yo mèlu pertemuan nang Balé Déso kuwi. “Karepé ndagel waé ...”

“Ooo pancèn kuwi ....,” Cuk Bowo nimbrung. “Luwih-luwih nèk pas ono masalah ...”

“Ngono yo Cuk ...”

“Hè’èh Tok ..”

Cak Babo mèlu kasih penjelasan: “Sepisan-pindho yo lucu, nggemeské. Lha ning terus bola-bali yo terus podho apal. Angger ono masalah serius malah terus ndagel ...”

“Ngono yo Cak ...”

‘Hè’èh Tok ...”

“Lha mau critané piyé Tok kok terus bubar ...” Mas Amir penasaran.

Koh Bos sing nerangké: “Kuwi lho Mas ... Ethok-éthok klèru nyebut dusun sing paling kidul kaé ...”

Totok nyambung: “Ethok-èthok keplèsèt lambé Mas ....”

Koh Bos nglengkapi: “Ketoké yo bareng karo utek keplèsèt ...”

“Ngono yo Koh ...”

“Hè’èh Tok.”

“Terus dho ngguyu ngono Koh?”

“Yo ora Mas ..., Blas ora ono sing ngguyu.... Wong pertemuan nang Balé Déso kuwi karepé ngrembug soal banyu ... Masalah wingi kaé lho Mas, lha kok malah glécénan ...” Totok nyambung njelaské karo sebel.

“Wis jan njelèhi tenan kuwi ...,” Koh Bos tambah njengat.

Totok mèlu-mèlu tambah njengat, tambah karo nunjuk-nunjuk: “Ngono kuwi yo Mas ..., ngerti ora ono sing ngguyu terus dibalèni manèh ... Wis kucluk tenan Lurahé kuwi ...”

“Lha bar dibalèni terus dadi podho ngguyu ngono Tok?” Cuk Bowo penasaran.

“Yo ora Cuk, malah terus dho bubar jalan ... mulih dhéwé-dhéwé ....”

“Lha terus Lurahé piyé Tok ditinggal dhèwè’an ngono kuwi ... Terus ngguyu dhéwé?!” Nyah Ndut takon serius.

“Ya’é Nyah ...”

“Ngono yo Koh?!”

“Oponé Nyah?”

“Lurahé terus cekèkè’an dhéwé ...”

“Kétoké Nyah ...”

“Wis kucluk tenan iki ... Jan-jané sing wis owah kuwi sopo ..... Tobat tenan iki .. duwé Lurah kelas kacung yo dadiné ngono kuwi ...,” Nyah Ndut grenengan dhéwé terus nggoréng mendoan. *** (19-05-2021)

Ora Lucu ...