www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

16-08-2021

Nang Balé Déso ramé banget, Lik Kio lan Sis Pini lagi pasang aksi. Penonton podho mubeng gayeng, kompak koyo nèk pas kampanye kaé. Dhung .... dhung ..... crèng-crèng-crèng, Paké Tholé langsung mandeg greg, ning terus penonton kompak mbengok: “In-kon-sis-ten ...!”

Langsung waé Lik Kio loncat nang tengah ‘arena’, pas wis tekan tengah-tengah terus mbungkuk kasih hormat penonton, terus gèdhèg kenceng. Gèdhèg super-kenceng. Paké Tholé nerjemahké kanthi sero: “Oya ... oya .... oya ...!” Lik Kio balik kanan, kasih hormat penonton, terus gèdhèg kenceng –super-kenceng. Manèh Paké Tholé: “Oya .... oya .... oya...!”

Lik Kio terus mlaku gaya khas-é nang Paké Tholé lan kru. Mlaku wis koyo yak-yak-o kaé. Khas Lik Kio, ora ono sing iso niru. Kurang rong mèteran, Paké Tholé terus nabuh kendang lan kencrèngan: Dhung .... dhung .... crèng-crèng-crèng, langsung mandeg. Disambung karo penonton kanthi kompak: “In-kon-sis-ten ...!” Durung tekan Paké Tholé, Lik Kio balik mlayu nang tengah ‘arena’ manèh, kasih hormat nang penonton terus gèdhèg kenceng. Koyo ngono kuwi dibalèni nganti ping telu, penonton tambah gayeng waé.

Sing terakhir, sing-ping papat rodo bédo. Lik Kio mlaku nang Paké Tholé, kurang rong-mèteran Paké Tholé nabung kendang lan kencrèngan, ning rodo béda, luwih dowo: Dhung ... dhung .... dhung .... dhung ...., crèng-crèng-crèng-crèng-crèng, terus mandeg. Penonton wis podho dong, sing dibengoké dudu ‘inkonsisten’ manèh, ning penonton kompak mbengok: “Kon-sis-ten ....!” Penonton terus kepingkel-pingkel nganti ono sing koyo-koyo-o ke-jlungup-jlungup. Ponakané Kho Bos nganti kepentut-pentut. Lik Kio ora terus balik nang tengah arena, ning terus mlaku waé nang Paké Tholé. Cuèk bèbèk. Ning gaya mlakuné sing béda, wis jan pethitha-pethithiné kuwi sing ora nguatké tenan. Yak-yak-o pol-pol-an. Kurang sak-mèteran Lik Kio di yak’i bal tènes karo Paké Tholé, Lik Kio gaya arep nangkep, ning: lusut! Penontong keplok ples ger-ger-an héboh. Tekan nggoné Paké Tholé terus njaluk pangku Maké Tholé, njaluk pisang karo gegayaan ngelap kringet nang bathuké. Sis Pini siap-siap. *** (16-08-2021)

Lik Kio Inkonsisten