www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

11-10-2021

“Sedèyèk-sedèyèk, prau cepet kulo pestè’ké, suk-suk, mbénjang-mbénjang pas nggawéné niku mboten ngagem kas déso, nggih mboten bapak ibu ....,” Lurahé Mukidi stèl yakin.

Kompak hadirin njawab kanthi remeng-remeng: “Entuuut ....” (nada dasar do)

“Lho kok malah njawab ‘entut’ niku pripun to bapak ibu .. niki soal prau cepet lho ....”

“Entuuuut .....” (nada dasar )

Pasti tidak akan pakai kas desa lho bapak ibu ....”

“Entuuuuut .....” (nada dasar mi)

Ingat kata-kata saya: ti-dak pa-kai kas de-sa ....”

“Entuuuuuut .....” (nada dasar fa)

Lurah Mukidi plenggongan garuk-garuk sirah, terus diambu driji sing nggo garuk-garuk sirah mau. Kebiasaan waé, cuk. Ora iso ngempet manèh, otomatis. Ora usah digathuk-gathukké karo wejangan Mbah Tung kaé. Lurahé terus clingukan nggolèki Pak Él ... lha kaé gèk angop. Diawé Lurahé Pak Él gagé menyat nyedhak. Dibisik-bisiki sik karo Lurahé, terus Lurahé Mukidi mundur, ganti Pak Él sing maju ngadepi mik. Mbenaké kocomoto, dehem-dehem sedhélok, terus gaya othak-athik mik, siap-siap omong. Gèk ambil napas siap-siap omong, ujug-ujug waé Kang Yos wis ‘nyanyi’, nada dasar sol: “Entuuuuuuut ......” Suarané Kang Yos memang apik tenan, resik lan mentul-mentul. Likwan sing lungguh nang jèjèré langsung bereaksi: “Kang durung ... Pak Él waé durung omong jé ....”

Kang Yos pasang aksi lugu: “Durung to Lik ... Ning mau yo mung ambil suara kok Lik ...”

Totok: “Ambil suara kok dowo banget Kang ...”

“Ngono yo Tok ...”

“Hè’èh Kang.”

Pak Él tidak ambil pusing, terus mulai omong: “Niki mboten soal nopo-nopo, ning niki soal komitmen. Komitmen Lurahé Mukidi soal prau cepet meniko mangké mboten ngagem kas deso. Sekali lagi, ko-mit- ....” Durung rampung Pak Él omong, Kang Yos rengeng-rengeng nyanyi, nada dasar : “Ayo komit ... ayo komit ....”

Langsung hadirin kompak nyambung: : “Nang kebon ... nang kebon ...”

Kang Yos karo suarané sing mentul-mentul, tambah banter: “Tutupi godhong pring ... tutupi godhong pring ...”

Hadirin kompak karo ngacungké tangan kiwo koyo nèk pas mbengok ‘pro-wong-cilik-pro-wong-cilik’ kaé lho, mbengok sak kayangé neruské nyanyiané Kang Yos: “Bèn garing ... bèn garing ...”[1]

Hadirin terus kompak podho ngadeg, balik kanan, bubar jalan. *** (12-10-2021)

 

[1] https://www.pergerakanke

bangsaan.com/405-Ayo-Komit-nang-Kebon/

Prau Cepet