www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

20-11-2021

Nang cakruké Nyah Ndut rodo gayeng. Totok bar seko Jakarta nggowo olèh-olèh: bonéka. Bonéka terus dipasang nang tengah-tengah meja. Bleger wong lanang, bathuk rodo nonong sithik. Karo mèsem, ning jan-jané cedhak karo plèngah-plèngèh. Nèk di-ilang-iling suwé-suwé rasa-rasané kok luwih cedhak nang plonga-plongo. “Iki bonéka terus diapaké Tok ... Kok dipajang nang tengah meja ...,” Cuk Bowo suwé-suwé dadi risi ono boneka plonga-plongo nang tengah meja. Luwih-luwih nèk meja kesenggol sithik terus sirahé bonéka goyang-goyang. Kétoké ono mékanik-pegas-é. Weruh kuwi rasané Cuk Bowo dadi gatel.

Totok: “Cah iki jebul lucuné pol Cuk ...”

“Lucuné piyé Tok?” Likwan dadi penasaran.

“Koh, njiléh bolpoiné ...,” Totok ngathungké tangan nang Koh Bos. Koh Bos nyabut bolpoin sing nang sak klambi terus ngulungké nang Totok.

“Sodara-sodari ... coba delok yo ...,” Totok aksi koyo yak-yak-o kaé, persis karo sing dodolan akik nang pasar kae. Nganggo bolpoiné Koh Bos, bathuk nonongé bonéka kuwi terus dithuhuk alon, sepisan waé nuthuké. Thuk ... Bar dithuthuk sirahé bonéka terus goyang-goyang lan ujug-ujug muni: “Mèntalin ... mèntalin.”

“Muni opo kuwi Tok?” Kang Yos penasaran.

Mèntalin, Kang ...”

“Artiné opo Tok?” Cak Babo nimbrung.

“Lha embuh Cak, pokoké lucu ....”

“Coba didelok nang ngisor tatakan-ané, mungkin ono penjelasané ..,” Mas Amir ngkè’i saran. Gagé Totok terus mbalik bonéka kuwi, ndelok opo ono keterangan nang ngisor landasan bonékané. “Hè’èh Mas, ono tulisané ...”

“Piyé tulisané Tok?”

Mèntalin = Mèntal Inlander ...., ngono Mas ...”

“Wah boneka jos tenan iki ...,” Koh Bos karo mèsem.

“Kuwi durung opo-opo Koh ... Nyah, njiléh pengiloné, kaca-riasé kuwi lho ..” Nyah Ndut terus ngranggèh kaca-riasé, diulungké nang Totok. Totok terus masang nang ngarepé bonéka. “Lik coba dithuthuk ndasé, pas banthuké, sepisan waé ...”

“Alon opo banter Tok?” Likwan nggoda.

“Ojo banter-benter Lik, benthèt repot ngko ...” Likwan terus nuthuk bathuk-nonongé bonéka nganggo bolpoiné Koh Bos, alon, sepisan. Thuk ... Sirahé boneké goyang-goyang, ning saiki meneng waé. Blas ora muni ‘mèntalin ... mèntalin’ manèh. Diam seribu bahasa. “Lho kok meneng waé Tok?” Likwan gumun. Kaca pengiloné Nyah Ndut terus digeser Totok dadi ora nang ngarepé bonéka manèh. “Coba dithutuk manèh Lik,” Totok ‘perintah’ nang Likwan.

“Oké ... oké ...,” Likwan rodo mangkel ning yo terus nuthuk bathuk-nonongé bonéka, alon, sepisan. Thuk ... Bonéka terus ‘goyang-kepala’ lan muni: “Mèntalin ... mèntalin.” Sak cakruk kompak dho cekikikan geli. Mas Amir nyeletuk: “Waaah boneka tahu diri kuwi ...”

“Ngerti isin Mas ...”

“Hè’èh Tok ...”

Iseng-iseng Likwan nuthuk manèh bathuké bonéka, ning saiki ping pindho. Thuk ... Thuk.Tetara ... tetara ..” Dithuthuk ping pindo bonékané jebul muni bedo. “Lho kok dadi ngono Lik ... diotak-atik yo ...,” Totok rodo was-was.

Likwan: ”Mbuh Tok, mau yo mung tak thuthuk alon, ning ping pindho ...”

“Alon waé to Lik?”

“He’eh Tok, alon. Banter ngko benthèt ngamuk kowé ...”

“Kuwi kok muniné ‘tentara ... tentara ...’ Kok aèng-aèng waé ... Marahi ndredeg wae ....”

“Dudu ‘tentara’ Kang, ning te-ta-ra ...,” Totok njelaské nang Kang Yos, lan terus gagé ndelok nang ngisor tatakané bonéka. “Bener Kang, te-ta-ra ...”

“Maksudé opo Tok?” Mas Amir penasaran.

Tegas–tanpa–ragu, Mas.”

“Ngono yo Tok.”

“He’eh Mas. Coba tak kè’i pengilon nang ngarepé yo Mas ... Lik dithuthuk manèh, ping pindho Lik ...” Likwan ‘dipertintah’ Totok manèh. “Ping pindho Tok?”

“Hè’èh Lik ...”

“Banter opo alon?”

“Alon waé Lik, banter ngko benthèt repot ...” Pengilon wis digejengi Totok persis nang ngarepé bonéka, Likwan terus nuthuk bathuk-nonongé bonéka, ping pindho. Thuk ... thuk. Boneka goyang kepala, ning meneng waé, ora muni. Totok terus ngangkat pengilon, lan ‘perintah’ nang Likwan: “Dithuthuk manèh Lik.” Thuk ... thuk. Likwan nuthuk bathuk-nonongé bonéka ping pindho, lan boneka terus muni: “Tetara ... tetara ...” Kabèh dho cekikikan manèh, terhibur. Nyah Ndut nyelo: “Saiki aku sing nuthuk Lik. Olèh opo ora Tok?”

Oké ... oké ... Nyah.”

“Ping telu ...”

Oké ...Oké ...”

“Ning nuthuké nganggo munthu ....” *** (20-11-2021)

 

 

Mèntalin