www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

09-01-2022

Ramé nang Balé Désa, akèh sing podho anguk-anguk jèjèr suk-suk-an nang pinggir pager sisih njobo. Gerbang dikunci rapet. Kétoké gèk podho ndelok ‘tontonan’ nang njero Balé Déso. Nang térasé Balé Déso. Jebul podho nonton Lurahé Mukidi gèk latihan. Latihan nguncalké kaos-kaos sing dibungkus plastik. Diiringi lagu-lagu, Lurahé Mukidi karo plendas-plendus pecingas-pecingis njogèt terus ujug-ujug ... weeer ..., kaos diuncalké. Penonton sing dho suk-suk-an nang pinggir pager terus keplok, plok ... plok ... plok. Lurahe tambah semangat, njoget tambah kenceng lan nguncalké kaosé manèh. .... weeeer ..... Plok ... plok ... plok. Ujug-ujug Kang Yos mbengok: “Kayang .... kayang...” Lurahé Mukidi spontan mandeg njogèt terus ambil posisi kayang! Jaganan tangan kiwo, tangan tengen terus nguncalké kaos sing dibungkus plastik kuwi, .... weeer .... Plok .... plok .... plok.

Cuk Bowo mèlu mbengok: “Maikel Jéksen .....” Lurahé Mukidi tangi seko posisi kayang terus njogèt gaya mlaku koyo Cak Jèksen. Plok ... plok .... plok. Terus nguncalké manèh kaos sing dibungkus plastik kuwi, .... weeer. Plok .... plok .... plok. Likwan yo ora gelem kalah, mbengok: “Mlayu ... mlayu ...” Lurahé Mukidi terus ambil posisi nang pojok téras, nyangking kaos sing dibungkus plastik, terus mlayu lan nguncalké kaos, ..... weeer. Plok .... plok .... plok. Suiiit .... suiiit. Mas Amir bisik-bisik nang Cak Babo lan Koh Bos: “Bombongan tenan cah iki ...”

‘Hè’èh Mas ... Asli bombongan abis ....”

“Angèl ... wis angèl tenan kuwi ...”

“Wiiiis, kojur tenan iki ....”

“Kuwi mau nèk dikongkon klékaran yo mesti dilakoni ...”

“Jelas kuwi ... Nguncalké kaos karo klékaran ...”

“Nèk perlu karo pus-ap ..”

“Wis ... pecas ndahé dab ...”

Ujug-ujug Lurahé nyedhaki Pak Él sing pancèn seko wiwitan nunggoni latihan. Terus Pak Él ngawé Kang [...], dibisiki, lan gagé Kang [...] menyat nang parkiran njupuk pit motor. Motor distater nang lapangan ngarep téras Balé Déso –sing biasa nggo apèl pagi kuwi, Lurahé Mukidi nyedhak terus mboncèng. Kaos-kaos dipangku. Plok ... plok ... plok, Lurahé da-dah-da-dah sik nang ‘penonton’, pit motor terus mlaku alon, Lurahé kanthi semangat nguncalké kaos sing dibungkus plastik kuwi, .... weeer ... Plok ... plok ... plok. Totok dadi gatel terus mbengok: “Banteeerrr .... Banteeerrr .....”

Kang [...] terus mbalik ambil posisi nang pojok lapangan, Lurahé tetap nang boncèngan karo mangku kaos-kaos sing dibungkus plastik kuwi. Rrroangg ...rrroanggg..., motor digebèr gas pol karo Kang [...] koyo nèk pas kampanye kaé lho. Rrroanggg ... rrroanggg. Plok ... plok ... plok. Lurahé Mukidi spontan terus da-dah-da-dah nang ‘penonton’. Motor mulai ‘mlayu’ ... Lhadalah tenan to ... Lurahé arep waé kejengkang nggeblak nang mburi ... bejo cepet-cepet gejengan pundaké Kang ]...]. Plok ... plok .... plok. Sepertelu omboné lapangan, Lurahé Mukidi siap-siap nguncalké kaos sing dibungkus plastik kuwi. Ning ... ujug-ujug waé ono pitik jago mlayu nggenjrit nyabrang nang ngerepé motor sing gèk ngebut kuwi, karo misuh-misuh: ... petook ... petoook ... petooook .... Spontan Kang [...] dengan sigap ambil rem ngarep mburi, ciiiit ..... ciiiit, pitik jago slamet ora kelindes, ning gantiné Lurahé Mukidi dadi ‘mabur’ sak kaos-kaosé tekan nang ngarepé pit motor, kejlungup lan .... bleg! Krungkep kebanting banter nang lapangan. Kaos pating slebar ora karu-karuan. Bungkus plastik akèh sing dho suwèk. Gagé waé Pak Él lan rombongan mlayu nyedhak. Penonton ora keplok –tahu diri-lah ..., ning yo terus bubar waé. Totok ngejak konco-konco nang cakruké Nyah Ndut. Ngopi karo ngetèh. “Okélah kalo begitu ...,” Likwan lan liyané oké-oké waé. Penonton bubar, latihan yo terus bubar. Lamat-lamat Cuk Bowo krungu jago kluruk. “Tok, jagoné mau kluruk ..”.

“Hè’èh Cuk ...” *** (09-01-2022)

 

Latihan